Search is not available for this dataset
dataset_name
stringclasses 14
values | subset_name
stringclasses 37
values | prompt_id
stringclasses 391
values | template_name
stringclasses 200
values | dataset_key
stringclasses 3
values | input
stringlengths 19
2.27k
| output
stringlengths 1
2.05k
⌀ |
---|---|---|---|---|---|---|
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Petugas sing nggatheli iku onok nang ndi ae. Nek wes ngono, awakmu pasti ngeroso mangkel pol dan rasane pingin ngamuki wong iku. Malah nang tahap sing nemen, onok sing sampe ngeviralno petugas iku mau. Menurutku, sing koyok ngono iku ngentek-ngenteki tenaga sih. Wes ngono, petugas sing diviralno mau isok ae maleh dipecat. Secara gak langsung, awak dewe dadi mutus rejekine petugas iku mau. Mangkel koyok yaopo, mutus rejeki koyok ngono iku kenemenen sih. Nek iku tak alami dewe, pasti aku bakal ngeroso bersalah seumur hidup. Dadi gawe awakmu sing ngalami hal sing podo koyok sing tak jelasno mau, mending senyumi ae petugas sing ngeselno iku, gak usah memperpanjang perkoro.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Wis telung sasi iki Ratih ora ngalami haid. Dekne uga durung rabi lan aktif kegiyatan seksual. Kamangka Ratih iki bingung amarga dekne ora ngerasakake apa-apa. Nanging wayah haid, mesti Ratih ngerasakake lara banget ning wetenge. Banjur Ratih milih kanggo priksa amarga wedi yen ana tandha-tandha sing ora disadari. Ratih periksa lan melu USG ning rumah sakit. Jebul Ratih ngalami gangguan hormon, yaiku PCOS. Penyakit iki bisa marai haid ora lancar amarga ana hormon sing ora stabil. Ratih kaget amarga ora tau weruh penyakite. Amarga kuwi saiki ratih kudu ngelakoni terapi hormon lan njaga awak, mangan sehat, uga kudu sregep olah raga.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Menurutku, jenis rundungan sing paling nyilakani kui rundungan sing nyerang psikis wong. Soale, kui angel banget kanggo ngebuktike yen wong sing ngerundung kui salah. Dheweke iso gawe alesan opo wae lan ora dianggep dadi wong sing bertanggung jawab mergo ora ono bukti nyotone. Ora koyo digebuki sing bakal ninggal bekas memar neng awak korbane, omongan kui luwih angel dibuktike. Salah siji corone kui mungkin ngerakam omongane liwat HP utowo piranti ngerakam swara liyane. Nanging yen ora ono saksi sing delok langsung perkoro kui, bukti rekaman swara kui tetep dianggep ora kuwat. Makane kui, menurutku, rundungan sing nyerang psikis kui sing paling kejem.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Awak dewe pasti sering krungu istilah orang dalam nang kabeh panggon, tapi sing paling akeh iku nang dunia kerjo. Onok sisan sing ngomong nek semaksimal opo awak dewe berusaha mati-matian, tetep bakal kalah ambek orang dalam. Biasane orang dalam iku melbune mergo onok relasi ambek wong nang njero instansi iku mau. Mulai teko koncone, sampe anake dewe. Nang dunia kerja, orang dalam iku mesti diprioritasno mbasio kemampuane sek jauh timbang uwong sing ngelamar kerjo manual. Hal iku mergo onok kedekatan emosional sing marakno awak dewe ngeroso luwe nyaman ambek uwong sing luwe dikenal timbang wong asing. Kedekatan emosional iku berlaku sisan nang beberapa instansi kerjo.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Mbakku wingi wis mbabarake. Bayine wedok lan mirip banget karo mbakku. Jenenge uga apik banget, Karina. Karina bayi seminggu wis bisa melek lan ngguyu sithik-sithik. Prawakane putih, resik lan akeh wulune. Dawane pas lair kurang luwih 53 senti lan bobote 3.5 kilo. Sawise adus, Karina mesti dipepeh karo mbakku supaya bisa kena srengenge. Gaweane bayi umur seminggu ya nyusu, ngising, nangis, turu. Mbakku nganti pegel amarga kurang turu. Nalika luwe utawa ngelak, Karina bakalan nangis sak get-gete kanti raine abang mbranang. Suara nangise ngebaki sak omah marakke wong turu padha tangi. Nanging mbakku uga syukur marang Gusti amarga isih bisa ngeramut Karina kanti sabar lan ikhlas.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Akhir-akhir iki, lagi akeh banget uwong sing ngeluh nek keleke dadi ireng mergo keliru nganggo deodoran. Malah onok sing ngeluh tiwas tuku deodoran larang, tapi hasile tetep ae. Padahal onok bahan alami sing isok luwe ampuh gawe ngatasi ambu awak dan luwe murah. Opo iku? Jawabane yaiku watu tawas. Watu tawas iku nduwe manfaat sing akeh gawe kelekmu. Siji, isok nyerahno kelek sing ireng. Loro, ngurangi ambu awak sing dihasilno teko kelek. Telu, ngalusno kulit. Papat, ngatasi keringet berlebih nang kelek. Terakhir, isok ngatasi iritasi. Dadi gawe awakmu sing lagi nggolek pengganti deodoran, awakmu isok nganggo watu tawas. Wes alami, murah, awet, akeh manfaate sisan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Iwak sing amis kui marake olahan iwak sing wis digawe kui dadi ora terlalu sedep. Makane kui, pas lagi proses masak, awak dhewe kudu mastike iwak kui wis ora mambu amis. Ono beberapa cara supoyo iwak kui ora mambu amis pas dimasak. Sing kesiji, awak dhewe iso nganggi jeruk nipis. Sak liyane iso ngurangi ambu amis iki, jeruk nipis kui iso gawe masakan dhewe dadi luwih seger lan ora eneg. Sing keloro, awak dhewe iso nganggo jahe. Jahe uga iso gawe panganane kui luwih wangi lan ono roso pedes-pedese. Sing ketelu, awak dhewe iso nganggo uyah. Iki makane neng Indonesia ono panganan iwak asin. Sak liyane, iso ngilangi ambu amise, uyah kui uga dadi bahan pengawet sing alami.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Wong-wong akeh ora ngerti nag wong seng penggawehane sedeh polahe urip dewe iku iso dadekno stress, terus gangguan jiwo. Mangkane nag awakmu ben ora sedeh polahe urip dewe, cerito'o nang nggonane koncomu sing mbok percoyo. Soale menungso iku makhluk sosial sing ora iso uirp dewe, mangkane butuh liyane sing iso dijak ijol pikiran ben ora sedeh urip dewean. Kadang wong sing sedeh urip dewean iku maeng biasane duwe masalah sing wedi nag diceritakno nang wong liyo iku dadekno isine wonge. Tapi nag iku maeng dadekno abote urip, yo palang dicitakno nang wong sing kenek dipercoyo nag pinggire awak dewe, iso karo konco sing apik, guru, utowo wong tuo.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Pas cilik biyen, aku wedi banget karo ruangan sing peteng. Yen arep turu, lampu kui kudu ngurup. Ruangane kui kudu terang banget. Lampu sing rodo redup sing pancen fungsine diurupke pas arep turu kurang padang kanggo aku. Saking wedine karo gelap, sak ben listirk mati neng omah, aku mesthi tangi lan bengok-bengok nyeluk ibuku. Padahal, kui posisine aku wis turu. Aku sok ngebayangke nek ono makhluk-makhluk sing medeni mlaku-mlaku neng cerakku pas kahanan peteng koyo kui. Aku wedi neng makhluk kui bakal nyekek guluku opo nyulik aku neng donyone dee. Terus aku bakal dipotong-potong, dimasak, trus dadi panganane dee. Nanging, saiki aku wis ora wedi meneh karo peteng.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Aku nekat melu undian sing hadiahe gedhe banget yaiku plesir ning Korea. Undian iki diadakke karo salah siji mall sing ana ing kuthaku. Aku budhal ning mall kanggo melu ndelok langsung undiane. Atiku ndredeg, keringetku kumucur, tanganku adem, raiku pucet amarga wedi banget lan durung siap menawa ora menang. Undian wis diwiwiti karo sambutan direktur mall lan dilanjutake acara inti. Pranatacara wis mulai nyeluk jeneng-jeneng sing menang. Atiku tambah dredeg amarga yakin kayane bakal ora menang. Aku wis pasrah. Ndilalah isih ana siji jeneng sing durung kasebut, lan nalika pranatacara nyeluk jenengku aku langsung lemes. Sikilku gemeter lan ora bisa ngadeg saking kaget lan senenge akhire aku bisa menang undian plesir ning Korea.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Nang tahun 2022 iki, akeh banget perusahaan nang Indonesia sing PHK massal karyawane. Onok kurang lebih 10 perusahaan sing nge-PHK massal karyawane. Siji, PT Goto Gojek Tokopedia Tbk. Perusahaan iki nge-PHK total 1300 karyawan. Loro, Ruangguru. Alesane mergo situasi pasar global sing memburuk secara drastis. Telu, PT Shopee Indonesia. Alesane mergo iki langkah terakhir sing kudu ditempu gawe efisiensi. Papat, LinkAja. Alesane gawe reorganisasi SDM. Limo, Tokocrypto. Perusahaan iki nge-PHK sekitar 20 person karyawane. Enem, TaniHub. PHk nang kene iki dampak teko ditutupe operasional gudang ndek Bandung karo Bali. Pitu, SiCepat. Perusahaan iki nge-PHK sampe 360 karyawane. Wolu, Mamikos. Alesan PHK iki gawe menjaga kesehatan kondisi keuangan perusahaan ning era serba gak pasti iki. Songo, JD.ID. Alesane gawe salah siji improvisasi ben perusahaan isok terus beradaptasi ambek dinamika pasar Indonesia. Terakhir, Zenius. Perusahaan iki nge-PHK luwe teko 200 karyawane.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Kabeh wong mesti akeh-akehe tau ngalami sing jenenge trauma ambek perkoro utowo barang sing marakno wong iku maeng saking wedine sing akhire dadi trauma. Nah barang sing dadekno wong iku maeng sampek trauma yo mesti macem-macem, kadang barang sing sepele ae iso ae dadekno wong iku maeng trauma ambek wedi karan barang iku maeng. Trauma iku asline yo kedaden teko perkoro sing moro-moro dadekno deke iku maeng nang barang iku maeng. Utowo barang iku maeng sing marakno wong iku maeng keweden polahe asline deke iku jumbul. Nah nak wes kadung nginiki yo gelem-gak gelem kugu iso diatasi gal saitik ben iso ilang. Soale nag dibarno bakal terus-terusan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Dino senin iki riko wayah e upacara ning sekolahane . deweke kebagian dadi sing maca undang-undang dasar. nanging senin iki ora koyo biasane , riko tangine kawanen amarga wingi bengi ora iso turu. riko gupuh kabeh wedi yen kari sekolahae. amarga kawanen akhire riko ora mangan langsung budal sekolah. riko numpak montor dewe ora bareng wong tuwone kerjo. nang dalan riko ora iso maju blas amarga macet dowo ning dalan . akhire riko liwat dalan liane sing ora macet nemen. jam 7 kurang limang menit riko tutuk sekolahane. kanca-kana ne wes podo baris riko mlayu cepet cepet nak barisan e ben ora di pares marang gurune.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Hal-hal sing berbau ngancem iku akeh banget didapeti nang kehidupan sehari-hari ndek sekitare awak dewe. Salah siji perbuatane iku meden medeni. Meden medeni iku perbuatan sing marakno korbane iku ngeroso wedi terus terintimidasi. Meden medeni iku ancen guduk ngancem secara langsung, tapi isok dadi cikal bakal teko perbuatan mengancam iku mau. Soale rong hal iku podo podo marakno korbane ngeroso wedi terus terintimidasi. Nek meden medeni iki biasane mek nang hal sing remeh tok. Tapi nek engkok meden medeni sing tambah nemen, iku isok dikategorikno dadi perbuatan mengancam. Dan tambah suwe, perbuatan mengancam iku mau isok berdampak serius gawe korbane soale ngeroso terintimidasi terus, contohe koyok stres.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Jaman saiki, wes sering banget krungu istilah fenomena seks bebas dan iku tambah suwe tambah akeh sing ngenormalno. Padahal, sing koyok ngono iku akeh banget efek negatif e, terutama gawe wong wedok. Siji, bersentuhan ambek lawan jenis iku wes termasuk zina, opo maneh sampe ngelakoni seks ambek wong sing guduk pasangan sah e. Siji duso wes ditambah. Loro, nek wes ngeseks, terus engkok meteng, roto-roto wong iki bakal ngelakoni aborsi. Padahal aborsi iku hukume haram. Tambah siji maneh dusone. Telu, nek misal ketemune karo pasangan ngeseks sing gak resik, onok kemungkinan bakal kenek penyakit kelamin. Wes numpuk duso, nambah penyakit maneh.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Begal jaman saiki iku gak mek nyerang pengendara motor tok, tapi pengendara montor yo isok kenek. Teknik begal iku tambah suwe tambah akeh. Onok sing nyerang langsung, onok sing nyerange bertahap. Salah siji taktik begal nang pengendara montor iku nguncali koyok semacam ndhog tapi wes onok campuran cairan liyane. Biasane koyok ngono iku ben pengendara murupno wiper mobil. Tapi nek wes ngono, cairan mau maleh roto nutupi kaca dan tambah gak ketok opo-opo. Nek wes ngono, baru pelaku begal iku nyerang pengendara montor iku mau. Taktik ngono iku nrawasno pol sih. Dadi gawe awakmu nek kuncalan cairan koyok ngono, gak usah diutak atik dan tetep nyetir montor terus, cuma luwe banter ae.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Ruth dadi salah siji perenang andalan saka Manado lan dadi atlet kebanggaan ning kampus. Ruth iki wis dadi atlet renang wiwit SMP lan wis sering menang lomba ning daerahe. Barang saiki kuliah ning Jogja, Ruth iki dadi jarang latihan renang lan luwih fokus kuliah. Ning sawijining dina, ning kampus ana lomba olahraga lan Ruth ditunjuk dari perwakilan fakultase. Ruth sing ngerasa aman amarga wis nduwe pengalaman banjur melu nyemplung tanpa ana persiapan. Nanging, kondisi fisik Ruth wis bedha amarga wis jarang dilatih. Ning tengah tandhing, Ruth kelelep amarga kram lan panik. Untunge ana panitia sing gelem nulungi. Sak rampunge kuwi, Ruth wis ora gelem renang maneh tanpa persiapan amarga trauma.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Pas dolanan prau etek nang Waduk kota Gadis, koncoku wedine megilan polahe praune ate kelem. Tapi asline iku yo ora kelem se mok butuh nguras banyu sing ancene iku kecipratan teko ombake banyu nag waduk. Tapi jenenge wong wedi yo wes ora karoan oleh berok-berok. Sampek gondamno wong sing nang jero prau etek maeng. Yo nag jareku wedi se ora opo-opo tapi yo ojo sampek medeni liyane lah. Mosok sampek liyane maleh melok kejegor, terus sing garai guyokno yo polahe bocah iku maeng keweden akhire bocah-bocah jegor waduke tapi tibake waduke iku ora jero mok sak dodo. Pantes ae sing duwe prau etek anteng ae pas praune etek kelem.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Roto-roto uwong nek ndelok wong sing entok penghargaan iku berarti telah mencapai sesuatu sing gede banget. Tambah duwur tingkatan penghargaane, tambah hebat wong iku. Iku kabeh gak salah. Cuma kadangan uwong-uwong iku podo gak sadar nek hal-hal cilik iku isok dadi suatu pencapaian dan berhak entuk penghargaan sisan. Penghargaane pun gak perlu kudu dalam bentuk piala, dalam wujud liyane yo isok banget. Contohe, onok uwong narget gawe rutin nge-gym selama seminggu, dan target iku tercapai. Wong iku ngekeki penghargaan gawe awake dewe berupa mangan dessert sing dadi pantangan selama nge-gym mau. Contoh paling sederhana maneh awakmu wes mari nggarap tugasmu sesuai targetmu, berarti awakmu berhak mendapatkan penghargaan berupa istirahat.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Wingi pas aku dolan nang kota Gadis, koncoku pas jumbul soale menang undian, padal tak roku bocahe jumbul polahe aku teko. Undian iku jarene sing ngadakano salah sijine PT. sing lagek entas dadi sing ono nang kota Gadis iki. Undian maeng iku hadiahe akeh pol, awit sing teko handphone, TV, sepeda ontel, sepeda montor, sampeh kasur barang yo ono. Pas iku koncoku maeng menangno TV sing gedene 45 inch. Dadi yo luong oleh hadiah gratis. Soale ancene bocahe yo butuh TV gawe hiburan nang omah nag preian kerjo soale wong tuane barang yo wes ora ono, karek deke ambek adike tok. Adike yo kulia nang kota Gudeg. Terus yo mok karek deke tok nang omah.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Salah sawijine idola sing lagi akeh disenengi karo bocah enom jaman saiki yaiku penyanyi Sal Priadi. Sak liyane penyanyi, Sal Priadi iki uga kalebu salah siji aktor anyar ing jagad perfilman. Level aktinge Sal Priadi iki saka teater nang film festival. Lair ning Malang tanggal 30 April 1992, Sal Priadi iki duwe bakat musik sing ora biyasa, yaiku musik-musik sing tujuane kanggo ngisi lagu ning film. Penyanyi iki terkenal taun 2015 amarga proyek band karo kancane lan mulai manggung wiwit 2017 ning festival musik. Sal Priyadi iki uga nduwe kanca duet sing akeh penggemare yaiku Nadin Amizah. Lagu duet iki bisa oleh prestasi akeh saka penghargaan musik nasional.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Kanca lawas sing ora sengaja ketemu kuwi kadhang bisa dadi sumbere rejeki sing ora disangka. Kanca lawas kuwi uga dadi wong kang bisa melu dadi pendukung sukses karir utawa gaweyan. Wong kang nduweni bisnis gedhe iki uga ora bisa bebas saka istilah kekancan amarga kabeh dukungan kuwi uga teka saka kekancan kang apik. Carane kanggo ngopeni urip kekancan sing apik kuwi uga macem-macem. Kaping pisan yaiku yen ketemu kanca lawas, aja lali njaluk kontake, amarga bisa dadi kontak yen butuh pitulungan. Kaping pindho, yen wes tau ketemu, aja medhot komunikasi. Kaping telu, yaiku aja lali yen ana peluang bisnis kang apik, bisa ngajak kanca.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Watson iku salah siji brand drugstore sing tokone wes onok nang ndi ae nang Indonesia. Biasane ben Mall nang Indonesia iku pasti onok siji drugstore iki. Watson iki dodolan sembarang kalir barang dan tergolong lengkap, mulai teko skincare sampe suplemen. Tapi sing nggarakno Watson terkenal iku guduk kelengkapan barange, tapi pelayane sing nggapleki. Wes akeh banget review-ne wong-wong nang internet sing digarai emosi karo pelayane. Penyebabe macem-macem, cuma sing paling sering iku pelayan sing ngerendahno pelanggan sing tampilane biasa-biasa ae. Contoh kedaden ambek bapakku dewe. Bapakku iku kate tuku suplemen minyak ikan salmon. Terus onok pelayan sing nyedek dan ngomong nek iku regane 600 ewu. Awale ketok biasa, lah pelayane nambah ngomong nek iku larang lho mergo ndelok bapakku sing nganggo klambi biasa-biasa ae. Bapakku sing emosi langsung njupuk loro botol dan pelayane langsung panik dan ngelayani dengan ramah. Ancen marai emosi nek koyok ngono iku.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Umar wis melu karate wiwit cilik, yaiku wiwit SD kelas siji. Umar iki dadi salah sawijine atlet ning kuthane lan wis ngewakili daerah ning lomba karate kanthi melu tandhing ning tingkat nasional. Kanggo Umar, karate iki bisa ngendalikake emosi lan ngajari ben ora dadi wong sing jumawa lan ora gampang pamer kekuatan ning ngarep wong liya sing ora dikenal. Amarga biyen sak durunge melu karate, Umar iki gampang ngamuk yen digarai sithik karo kancane, padahal kancane iki ora sengaja nggepuk. Ibune Umar nemu sing salah saka anake, yaiku Umar isih kurang pinter ngendalikake emosi, banjur Umar melu karate sing bisa ngajari ben dadi bocah sing luwih sabar ngadepi wong liya.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Dietuti koro wong sing ora awak dhewe kenal kui ora mung mendeni ning donyo nyoto wae, nanging uga neng media sosial. Wong sing ngetuti seko media sosial kui ngikuti kabeh akun sing awak dhewe duwe, seko Instagram tekan Twitter. Dheweke mesthi jedul neng kolom komentar lan ora ketinggalan story sing awak dhewe gawe. Mungkin tekan ngekei pesan langsung neng akune dhewe. Mending yen wonge kui mung ngetuti wae lan ora ngirim pesan utowo gambar sing neko-neko. Yen dheweke tekan ngekei pesan sing ngeganggu koyo ngono kui, awak dhewe iso blokir akune. Nanging, sing medeni kui yen awak dhewe ketemu wong sing ngetuti awak dhewe neng media sosial lan ketemune wujud asline. Awak dhewe ora iso ngebayangke opo sing dheweke bakal lakoke.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Ancene yo nag jenenge wong salah nyelok jenenge wong utowo konco sing wes dikenal nag ngarepe wong akeh iku ancene ngisini. Nah mangkane saiki bocah-bocah nag lali jenenge ambek koncone iku biasae nyelok "bro" ben ora isin nag keleru jenenge. Yo perkoro iku asline ora maslah nag kedaden nang panggonan sing ancene ora ono sing kenal ambek sing dicelok utowo mok ijen adep-adepan ngunu, tapi nag sampek wonge maeng maeng nang panggonan rame yo jelas marakno isine pol soale dianggep ambek wong liyo iku kemeroh ambek sok parek sing akhire dadekno wong iku mikire sing aneh-aneh nang wong sing nyelok keleru maeng.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Sing jenenge wong iku mesti rau ngiler, nah iler iku maeng opo? iler iku termasuk kayok banyu sing metu teko lambene menungso pas turu, yo modele iku koyok idu, tapu ora muroh ambek beninge pol terus rodok kentel saitik timbang idu. Nah iku nag kenek wong mesti wong sing kenek bakale jemebere setengah mati mergo ambune barnag yo ono sing ora enak ngalah-ngalahi idune menungso. Nah sak liyane iku mesto roto-roto wong iku jijik nak delok sing jenenge iler maeng opo maneh sampek kenek yo tambah ora karoan jemeberi. Mangkane nag ono iler iku nag iso ojo sampek kenek soale iku termasuk barang yo iso diarani rusoh ambek mangkelno.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Roto-roto wong nag delok sing jenenge coro ambek uler iku nag gak wedi yo jijik, opo maneh bocah wedok tambah megilan oleh wedio ambek jijik. Nah sing garai jijik jarene koncoku sing wedi ambek coro maeng iku ngomong nag sing garai jijik iku kewane sing rusohan, ambek ora resikan, terus bentuke iku sing garai wong keri ambek nyabe nag delok kewane maeng. Terus sak liyane iku warnae sing jeke teletonge sapi sing marakno wong mangkel ambek jember. Mari ngunu ambune barang yo ora enake megilan sing garai wong-wong nag marek kewan iku plekien mergo ambene sing ora enak maeng. Dadi yo ora gauk nag akeh wong sing jember ambek kewan iku maeng.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Yen awak dhewe diguyoni neng kelas kui, dudu artine awak dhewe mesthi ngelakoke hal sing salah. Makane awak dhewe kudune ora usah ngeroso isin. Wong-wong sing ketoke guyoni awak dhewe kui sebenere mungkin mung pengen gawe kelas dadi rame wae. Mungkin, pas kui suasana kelas lagi spaneng banget mergo arep ujian. Konco-konco neng kelas uga dadi ora kerep meneh kumpul. Dadi ono wong sing inisiatif gawe momen kui supoyo konco-konco liyane seneng. Awak dhewe kudu duwe pola pikir kui ben awak dhewe ora gampang lara ati pas diguyoni. Ora mung pas neng kelas, nanging iso uga neng kondisi liyane neng jobo kelas.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Perilaku kriminal kui ono neng sekitarane awak dhewe. Mungkin awak dhewe ora tau delok langsung. Nanging yen awak dhewe delok TV utowo ngerongke omongan tonggo, ono wae berita kriminal kui. Awak dhewe mungkin bakal ngeroso wedi yen kui kedaden langsung neng awak dhewe. Yen misale awak dhewe ditodong kanggo lading utowo pistol kui ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu tetep kalem lan ora kemerungsung. Awak dhewe iso narik napas alon-alon supoyo pikirane dhewe ayem. Sing keloro, awak dhewe ngelakoke opo sing dikon karo penjahate kui. Perkoro bondo kui, iso digolek meneh. Sing ketelu, awak dhewe iso ngamati sekitare dhewe. Awak dhewe mung entuk mlayu yen kondisisine memungkinan, yeng ngeroso gamang mending tetep meneng.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Akeh wong sing rodok mangkel ambek ngeroso jember karo sing jenenge mutah, opo maneh ambek mutahe yo tambah mangkele pol. Nah Ulan wingi pas aku dolan nang kota Gudeg, aku iku jajal numpak bis ora sepur, pas nang jero bis tibake bise wes apik-apik ora koyok disek sing isek campur wong rokokan ora karoan. Mari ngunu fasilitasi yo luwong rodok apik. Tapi sing garai eman iku tivine ora kenek diputer soale durung ditukokno STB. Tapi pas mulai mlaku bise maeng paling sekitar telong poloan menit. Moro-moro ono bocah cilik sing pas nang ngarepku iku mutah-mutah ambek raine abange pol. Nah wong sing nang pinggire langsung jekutut koyok pitik gering nang kurungan. Yo paling wonge jember karo perkoro koyok ngunuku.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Dino iku Fafa lagi enak-enak nyapu halaman omahe koyok biasa. Moro-moro, de’e midak kulit gedhang sing marakno de’e kepleset. De’e tibo ambek posisi nggeblak, tapi sing lara iku bagian pinggul e. Untung ae ibuke langsung ndelok dan nelpon ambulans gawe disusul. Gak suwe, ambulans iku teko dan nggowo Fafa nang Rumah Sakit. Pas nang UGD dan diperikso kabeh, dokter langsung ngomong nek bagian tulang pinggul e putung dan kudu operasi gawe nyambungno maneh. Fafa langsung nolak pol polan dan njaluk nang sangkal putung ae. Ibuke langsung nyeneni Fafa soale malah njaluk nang sangkal putung sing gak jelas, dan langsung nyetujui gawe dilakoni operasi nang dokter. Fafa langsung panik lah, soale de’e temenan kate dioperasi, sopo sing gak wedi kan ya.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Awak dhewe ora usah mikirke sing aneh-aneh yen arep operasi. Kui malah iso gawe, awak dhewe ora tenang. Yen awak dhewe ora tenang kui, awak dhewe biasane malah angel turune. Yen turune awak dhewe ora cukup, iso-iso malah ono perkoro pas awak dhewe operasi lan kepekso nunda jadwal operasine. Yen operasine diundur, awak dhwe luwih suwe lagi marine. Yen ora mari-mari, awak dhewe bakal tetep ono neng rumah sakit terus. Makin suwe neng rumah sakit kui, artine awak dhewe kudu ngetoke biaya sing luwih akeh meneh lan bakal ngerpoti wong-wong luwih suwe meneh. Awak dhewe entuk ngeoro kuwatir nanging, ojo ngasi berlebihan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Nek awakmu nang Gresik, guduk hal sing asing pas awakmu ndelok onok uwong sing iring-iringan nggowo jajanan sembarang kalir pas nang nikahan. Wong Gresik biasa ngarani iku ater-ater bowo. Bentukane bowo iki meh meh mirip karo maskawin, padahal bowo iki bedo ambek maskawin. Bowo iku salah siji wujud teko penghormatan ambek penghargaan teko mempelai lanang utowo wedok nang wong-wong sing berpengaruh dalam uripe mereka. Jenise barang sing isok digowo gawe bowo iku muacem-macem. Mulai teko jajanan basah, jajanan garing, seperangkat alat sholat, seperangkat alat rias, klambi, sepatu, dan sek akeh liyane. Dan bowoan iki pasti digawakno dalam jumlah sing akeh, dadi sing wong sing gawakno pun yo akeh, makane jenenge dadi ater-ater bowo.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Sing jenenge idu iku asline jijike, sing ora jijiki iku nag idune dewe. Tapi nag idune wong liyo yo mesti jijiki kabeh, endi ono wong sing ora jijik nag kenek idune wong liyo mesti ora ono. Nah sing garai jijik jarene koncoku sing tau kenek idune wong pas sepedahan yoiku ambune sing basine ora ukuran. Terus sing garai mangkel maneh iku ambune sing ora ilang-ilang masio disabun bolah-balik sampek ambune iku nyantol nang irung. Terus dekie barang yo ngomong kabeh idu nang gonane wong liyo mesti mangkelno ati, ora polahe ambune tok, tapi ang idune iku yo kenek didelok nag wonge iku kopro, nag ambune iku ora sepiro basin berarti iku wonge gelek resik-serik awak ambek sak walike.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Ana macem-macem cara kanggo mengeti dina ulang taun, nanging cara sing paling apik yaiku ndunga kanggo kesehatan lan kesuksesan wong sing lagi ulang taun kuwi. Nanging, ya ana sing milih ngadakake ulang taun ning nganggo cara sing ngageti nanging nggemesake kaya nggawe kejutan lan ngewenehi kado. Sing butuh dipertimbangake yaiku kondisi atine wong sing lagi ulang taun, yen lagi susah, aja dikerjani amarga bisa marai tambah emosi lan muring-muring. Akeh kejutan sing gagal amarga wektu kanggo ngewenehi kejutan iki ora pas lan malah nambahi masalah. Kamangka, awak dhewe kudu peka lan ngerti wayah yen arep ngewenehi kejutan kanggo kanca sing ulang taun.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Iki mung teoriku dhewe. Nanging kentut kui ono telu papat jenis. Sing kesiji, kentut sing ono swarane nanging ora mambu. Sing keloro, kentut sing ora ono swarane nanging mambu. Sing ketelu kui, kentut sing loro-lorone ono. Kentute kui wis ono swarane banter lan uga ambune kui ora penak tenan. Nanging kentut sing iki ketok jarang banget sih. Sing kepapat kui, kentut nanging sing metu ora mung angin. Ono benda liyo sing cair lan padet sing melu metu. Biasane kui yen pas awak dhewe lagi diare utowo lara wetheng kentut jenis terakhir iki sok metu. Arep kentut sing endi wae, kabeh jenis kentut kui tetep marake isin.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Ono wong sing seko oroke kui wis mambu. Dadi wonge kui mambu dudu mergo ora sregep adus opo ora tau nganggo deodoran. Nanging dheweke kui seko lahir awake wis gampang mambu. Biasane wong-wong sing mambu seko lahir kui keluargane uga koyo ngalami hal sing mirip. Wong sing mambu seko lahir kui kerep isin sak umur uripe mergo ambune sing ora enak kui. Dheweke wis ngelakoke akeh cara supoyo ambune kui ilang. Dheweke adus peng loro sakdino. Dheweke uga ora lali nganggo parfum lan deodoran. Nanging usahane kui ora nunjuke hasil sing maksimal, awake tetep wae mambu. Mergo kui, dheweke dadi ora percaya diri yen ketemu karo wong-wong.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Roto-roto wong sing senengane mangan mesti ora gaok nag ono sing jenenge panganan bosok. Nah panganan bosok iku termasuk panganan sing ancene akeh wong sing ora seneng mergo termasuk pangana sing ora kenek dipangan ambek iso dadekno ambu sing ora enak. Nah sing garai wong sing mangkel ambek jijik nag delok panganan sing bosok iku maeng yoiku ambune sing wes ora karoan sing iso marakno wong sing mambu maeng maleh dadi wong sing ora mentolo nag delok iku maeng. Nah mergo iku maeng wong sing ancene jijikan yo tambah mangkel ambek jember mergo panganan sing bosok iku maeng wes ora karoan bentuke, terus ambune barang yo ora enake pol.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Aku tau getoni masalah sampek aku nganggepi iku termasuk perkoro sing paling tak getuni nag njero uripku. Perkoro iku yoiku aku metu teko kantorku sing wes telong tahun tak enggoni kerjo. Sampek aiki kadang aku isek getuni lapooh aku biyen metu teko kono polahe ora diolehi cuti. Jane masio ora dioleh cuti, yo ora masalah. Tapi waktu iku aku ancene wes kemangkelen soale aku wes bingung ambek manager'e sing sak penak'e dewe. Kabeh keputusan sing diputusno dibebano nanggone karyawane, mangkane aku gedisian srengen terus jipek cuti tapi ora diolehi tapi tambah nekat metu teko kantor iku. Ket iku aku getone pol soale golek penggawean yo angel. Mangkane saiki nag aku oleh kerjo mesti ati-ati.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Ujian kanggo oleh SIM ning Indonesia iki dadi ujian SIM sing paling angel lan rada bedha karo negara liyane. Ujian SIM iki sing marai wong akeh gagale amarga ujian iki mbutuhake kemampuan sing dhuwur lan marai wong mumet lan bisa mbolan-mbaleni ngelakoni ujian. Ning negara liya, ujian praktik SIM iki luwih gampang, sing penting pengemudi ngerti babakan rambu lan pantangan sing ora oleh dilanggar ning dalan. Nanging ujian iki ya disesuaikake karo kondiri lalu lintas ning negara dhewe-dhewe. Ning indonesia, akeh tanjakan lan penggokan, dadi ujian SIM digawe luwih angel saka negara liya sing lalu lintase lurus lan ora ana hambatan, kamangka yen lulus ujian iki ya wis mesti wis lanyah numpak kendaraan.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Bullying nek sing wes nemen iku sakjane wes isok dikategorikno dadi tindakan kriminal. Soale bullying iku perbuatan sing tujuane gawe nindas korban ben tersiksa. Dan sayange, sek akeh uwong sing sek abai karo peristiwa iki. Padahal bullying iku seserius iku, dan dampake nemen pol. Efek awale iku biasane mulai teko penurunan harga diri terus ilang minat ambek aktivitas tertentu. Kadangan onok sing sampe akhire bolos sekolah soale wedi ketemu ambek pelaku bullying dan wedi ditindas maneh. Suwe suwe engkok jebus dadi nduwe gangguan nang nafsu mangane sampe angel turu mergo ngimpi buruk. Efek paling nemen teko bullying iku marakno korban depresi bahkan sampe onok sing sampe bunuh diri.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Dino iki Jihan buru ae balik nang Suroboyo mbari ngeterno adikne nang Malang gawe balik kos. Koyok biasa, de’e milih mudun Tol timbang lewat jalur ngisor. Enak-enak nyetir, de’e ngeroso onok sing gak tepak karo mobile. Dan pas dirasakno maneh, dadakno rem e gak berfungsi. Ping bolak balik de’e nyoba midek rem e, tetep gak isok mandek. Jihan langsung panik lah, opo maneh panggon Rest Area e sek uadoh. Berhubung de’e wes kadung ngegas get, akhire de’e nyalakno lampu hazard dan tetep ngendarai mobil sambil ngebel i ben mobil-mobil ngarep e isok mere teko jalur e. Untung ae mobil-mobil ngarep iku koyok ngeh dan minggir kabeh. Tapi mbasio ngono, Jihan tetep keweden, soale mobile bener-bener tambah banter mbasio gas e wes diculno. Pas ndelok onok jalur darurat gawe rem blong, de’e langsung ngarahno mobile nang jalur iku dan akhire mobil e isok mandek mergo dalanan nang jalur darurat iku ditumpuki karo ban sing isok ngehambat gerak e mobil mau. Pas tutuk kono, akhire de’e nelpon wong tuwone nek rem mobil e blong dan njaluk disusul.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Yen koncone dhewe utowo wong sing neng cerak awak dhewe keno serangan panik, awak dhewe ora entuk melu panik. Awak dhewe kudu nulungi dheweke. Neng kono, senadyan awak dhewe ora ngerti okeh perkoro kondisi iki, awak dhewe ora entuk wedi lang ora sido nulungi wonge. Dheweke kui lagi kerasa kelaran lan ora iso nulungi awake dhewe. Dheweke butuh wong liyo supoyo pikirane iso luwih tenang. Awak dhewe ora perlu ngekei pertolongan secara profesional koyo dokter. Awak dhewe iso nulungi sebagai konco. Sing penting awak dhewe terus ono neng sampinge. Yen awak dhewe wis nyekel tangane wae kui wis lumayan ngebantu wonge. Wong sing keno serangan panik kui dadi ora ngeroso dhewekan.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Biyen pas aku isek SD, aku gelek bluron ambek konco-konco sing sak liting ku, nah sing garae seneng bluron iku kalenane iku banyune beninge pol ambek banyune milih mangkane senenge megilan. Nah pas iku aku ambek koncoku iku muleh teko sekolah awan-awan paling sekitar jam suwelasan. Nah ambek konco-konco maeng iku tibake ngecak bluron mergo engko nag teko omah wes ora atek ados maneh ben langsung iso budal nang mesjid. Pas bluron maeng moro-moro konco-konco maeng langsung mentas kabeh mergo nang pinggire rodok adoh maeng ono wong ngiseng, nah koncoku maeng sing kenek langsung mangkel ambek miso-miso mergone wong sing ngiseng maeng ora duwe aturan. Mosok wes ero ono bocah bluron kok diisinge nak gak wong jarak yo ora ono.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Lulus ujian kui harapane kabeh siswa, utame sing neng kelas paling duwur neng jenjane, koyo kelas 6 SD, kelas 9 SMP, lan kelas 10 SMA. Sak mesthine, sinau kanggo ujian kelulusan kui dicepake seko awal, ora pas mepet wektu ujian kui. Yen ngeroso perisapan sinau lan mentale wis cukup. Ono saran sing apik dialoke sedino utowo beberapa dino sadurunge ujian. Sing paling penting kui leren. Selama 2 tekan 3 sasi, awak dhewe wis sinau terus. Apike sadurunge ujian kui, intensitas sinaune dimedunke. Yen arep sinau mung ngiling-ngiling wae opo sing wis dipelajari sak durunge. Siso wektune kui dimaksimalke kanngo leren utowo turu sing cukup.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Ning Bali, ana panggonan wisata sing akeh ketheke, yaiku ning wilayah Ubud. Wilayah iki pancen penak kanggo liburan amarga pemandangane sing apik. Nanging kethek sing ana ning panggonan iki ngganggu lan seneng njupuki panganan sing digawa karo wong sing teka ning kono. Sing paling ngganggu lan marai risih yaiku yen mulai njambak utawa mulai nguber amarga ana barang sing miturut si kethek iki apik kaya kaca mata, tali rambut, utawa panganan sing ana ning jero tas. Kamangka, yen ana ning wilayah wisata sing kaya iki, awak dhewe luwih becik melu instruksi saka pemandu wisata sing ana ning panggonan kuwi ben tetep aman.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Kentut neng tempat umum kui mesthi rasane isin. Nanging ono carane supoyo awak dhewe ora ngerasa isin-isin banget. Awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe ora usah ngaku yen awak dhewe kebacut ngentut neng jejere wong akeh. Ben wong-wong kui saling nuduh. Awak dhewe ojo gawe polah sing aneh. Awak dhewe tetep kudu kalem lan ora berlebihan. Sing keloro, yen awak dhewe dituduh ngentut, awak dhewe langsung nuduh wong sing liyane. Soale, kentut kui ora ono buktine. Dadi sopo wae iso dadi sing salah neng perkoro iki. Sing ketelu, awak dhewe iso macak ora ngerti yen ono sing ngentut. Awak dhewe iso ngomong yen irunge dhewe lagi mampet.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Kanggo wong sing seneng banget karo bal-balan, ndelok bal-balan ing stadion iku dadi pengalaman sing ora bisa dilalekke. Iki sing dialami karo Dias. Bocah sing seneng banget karo Manchester United iku akhire bisa dolan lan mlebu ana ing Old Trafford, stadion utawa markas gedhene Manchester United. Ora mung mandheg ning koni, Dias uga duweni kesempatan ndelok langsung piala dunia ing Qatar wingi lan ndelok Messi main. Sadurunge Dias ora tau nyangka impene kanggo ndelok langsung iku bisa kawujud. Nanging Dias tetep usaha lan mesti donga marang Gusti. Mula, yen duwe impen apa wae aja lali kanggo tansah donga marang Gusti supaya dalane dilancarke!.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Durung suwe iki, ono lindu sing ngenani negoro Turki lan Suriah. Tak delok neng TV kui lindune gedhe banget tekan ono gedung sing duwur kui iso ambruk, roto karo lemah. Aku ora ngebayangke perasaane wong sing ngerasake lindu kui. Mesthi dheweke podo ngeroso wedi. Aku dadi kepengen dono lan nulungi korban lindu kui. Misale, aku iso dono ono beberapa hal sing mungkin iso aku lakokoe. Sing kesiji, aku bakal golek korban lindu sing isih kejebak neng puing-puing gedung. Sing keloro, aku bakal melu ngewangi wong-wong neng posko pengungsian. Sing ketelu, mungkin aku bakal nyelake wektu kanggo dolan karo bocah-bocah sing dadi korban neng kono.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Duwe utang sing gedhe kui pancen gawe isin. Yen misale ono wong ngutang duwit akeh, nanging ora ngeroso isin blas, artine dheweke kebangeten. Soale ngutang sak cilik opo wae neng wong liyo kui tetep ngerepoti wong sing diutangi, opo meneh yen awak dhewe ora kenal cerak karo wonge kui. Konco sing cerak wae tetep bakal abot pas ngutangi awak dhewe. Mungkin, yen dheweke ora kancanan karo awak dhewe mungkin awak dhewe ora bakal disilihi duwit. Keluarga yo podo koyo ngono. Pancen, keluarga kui kudune saling ngewangi yen ono sing lagi urip prihatin, nanging ngewangine kui tetep ono batese. Keluargane dhewe kui uga duwe tanggungan sing kudu dikei mangan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Yen awak dhewe divonis kanggo penyakit sing iso nyebabke kematian, awak dhewe ora perlu wedi, cuku tekan ngeroso kaget wae. Bar kaget kui, awak dhewe iso tarik napas jero-jero lan mikir opo sing awak dhewe meh lakoke bar iki. Penyakit sing abot, koyo kanker, kui dudu penyakit sing marake donyone awak dhewe mandeg. Malah luwih mergo awak dhewe mikir sing koyo ngono kui dadine donyone awak dhewe kui bener-bener mandeg. Awak dhewe tetep iso usaha kanggo sembuh. Ilmu kedokteraan saiki wis luwih apik seko sing biyen-biyen. Makin suwe kui tekonologi kedoteran kui makin canggih. Dadi mesthi ono kesempatan kanggo sembuh yen awak dhewe tetep pengen berusaha.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Jaehyun wis suwi dadi penyanyi kurang luwih 2 taun. Dina iki, Jaehyun ngadakna konser tunggal kanggo ngerayakke ulan taun debute. Tiket sing payu kurang luwih 8 ewu tiket. Iku artine, 8 ewu wong bakalan teka ana ing konser sing diadakake karo Jaehyun. Saben dina, Jaehyun wis latian kanggo konser supaya bisa apik banget. Nalika dinane teka, Jaehyun ngerasa ndredeg banget. Dheweke bisa ngerasakake atine sing nggegirisi. Jam 8 konser wis diwiwiti, Jaehyun ndelok wong sing teka akeh banget. Kabeh kursine kebak karo wong sing ndelok, panggunge uga gedhe banget, lampune sing aneka warna uga nambahi apike panggung. Jaehyun tambah ndredeg nanging nalika kabeh padha keplok-keplok lan nyuraki Jaehyun, dheweke akhire bisa gumregah maneh lan wis cepak kanggo miwiti konser iki.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Yen diterima ana ing UGM pancen seneng banget. Sapa sing ora seneng mlebu ing universitas paling apik sing ana ing Indonesia? mesti kabeh padha kepengin sisan mlebu kene. Sing wis mlebu UGM bisane ngewenehi tips supaya bisa mlebu UGM kayata sinau sing tenanan, njupuk jurusan sing pancen disenengi, ndolek informasi babagan jalur mlebune UGM, lan liyane. Pancene ora gampang kanggo nembus mlebu UGM, tur yen wis dadi mahasiswane ora oleh sombong. Akeh banget wong sing pengin melbu UGM nanging ora bisa, mbuh sing kealang biaya utawa sing ora ketampa nalika tes. Ayo wiwit nerapake supaya ora sombong ning wong liya amarga wis mlebu UGM!.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Dasare kui anak mesthi wedi opo sing dheweke ora ngerti. Salah sijine dhewe wedi karo jarum suntik. Yen anak wedi disuntik lan emog ngelakoke kui biasane dheweke bakal nangis kejer. Dheweke pengen lendotan terus karo wong tuwa utowo kakang mbakyune lan bakal ngadohi dokter sing arep nyuntik. Ono sing dheweke mlayu metu seko ruangan, ono sing nangis nanging ono uga sing ora. Dheweke metu kui ben ora ono sing iso nemuke dheweke dadi ora sido disuntik. Ono anak sing wedi disuntik kui ngejak ngobrol doktere terus. Dheweke ngerti yen doktere ngomong, doktere mau ora bakal nyuntik dheweke. Uga ono anak sak durunge disuntik kui ngamuk-ngamuk.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Enak-enak gelesotan nang kasur, moro koncoku teko nang Kos ku. Gak atek salam gak atek nyopo langsung melbu kamar Kos ku ngono ae. Mentang-mentang saking kulinone dolan nang Kos ku, dadi wes nganggep e koyok omah dewe. Awale aku males, tapi ndelok koncoku nggowo jajan, aku langsung semangat maneh. Akhire awak dewe ngobrol sambil mangan jajan iku mau. Terus enak-enak ngomong, moro koncoku wahing buanter. Berhubung iku koncoku gak nutupi lambene, idune mau nyiprat kabeh nang wajahku. Gak atek abang gak atek ijo, aku langsung nang jedhing gawe raup. Yo bayangno ae, kenek idune wong liyo sopo sing gak jijik coba. Untung ae iki nang Kos ku dewe, dadi isok langsung raup.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Nalika corona wingi, aku lan kulawargaku rada angel kanggo nggolek masker. Kabeh wong padha tuku masker kanti rega sing larang banget. Sawise muter ana kurang luwih 10 toko ing desaku, aku akhire nemu masker sing takgoleki. Masker iki angel ditemokake amarga masker iki sing paling apik. Jenenge masker sensi, warnae ana sing biru, ana sing ijo, lan ana sing putih. Masio rada larang, masker iki pancen alus banget lan ora marakke wahing-wahing amarga kaine sing njerawut. Dawane masker iki kurang luwih 15 senti lan ana telung lapis supaya luwih cacap kanggo ngalangi corona. Aku akhire tuku sak dus kanggo jaga-jaga lan kanggo cawisan ing omah.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Yen awak dhewe kebacut salah mlebu toilet neng mal utowo neng hotel, supoyo ora isin, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngangkat sikile awak dhewe. Biasane neng kamar mburi neng mal utowo hotel kui, bilike kui rodo kebukak neng bagian ngisor. Supoyo wong-wong ora ngerti yen awak dhewe salah mlebu toilet, awak dhewe kudu ngelakoke kui. Sing keloro, yen arep methu, awak dhewe kudu ngeteni tekan sepi. Carane gari awak dhewe rungoke tekan ora ono swara neng kono. Awak dhewe uga iso delok bayangan neng ngisor. Yen wis ora ono sing liwat, artine toilete kui wis sepi.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Ketinggalan pesawat amarga kurang infromasi iki sering banget marai mumet. Nanging ning jaman saiki, ana aplikasi kanggo ngecek pesawat sing arep ditumpaki. Salah siji aplikasi iki yaiku Flightradar24. Aplikasi iki bisa ngelacak jalur penerbangan ning Indonesia kang lengkap. Aplikasi iki nyediakake nomor penerbangan, jalur, angin, udan, lan ketinggian pesawat. Aplikasi iki nyediakake wektu budhal lan tekane pesawat. Saka aplikasi iki, penumpang bisa oleh wektu kang pasti uga ora ketinggalan lan bisa ngira-ngira jam budhal. Flightradar24 iki bisa diunduh ning Playstore lan dinggo ning telepon seluler jenis android. Aplikasi iki lengkap lan akeh banget manfaate uga wis kesohor kanggo mantau penerbangan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Sedeh kenek PHK yaiku roso sing teko sing disebabno perkoro sing ora dikarepno contone koyok PHK. Roso koyok ngene iki iso diarani roso sing paling digetingi ambek uwong soale ninggalno dampak sing ora karuan. Akeh wong sing polahe sedeh iso dadi loro, terus mati soale sedehe wes dadikno bingune pikir akhire bunuh diri. Ono maneh sampek kuru soale sedehe iku maeng wes ngilangno rasane panganan. Mangkane sedeh polahe PHK termasuk salah sijine perkoro sing dadekno wong iku maeng maleh dadi sing aneh-aneh contone koyok maleh dadi srengenan, dadi aras-arasen lapo-lapo ambek liyan-liyane. Sing tepak nag kenek PHK jane ora sedeh. Tapi kudu iso dadekno sabar terus krative buka usaha dewe.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Dino iki, wayahe Zizi gawe mresentasikno hasil penelitiane nang ngarep Kelas. Mergo ngeroso hasile iku kurang maksimal, Zizi dadi gugup dewe. Mergo iku sisan saiki wetenge de’e mules puol. Ditambah de’e mau isuk mangan sambel kakean, tambah numpuk ae rasa mules nang wetenge. Tapi karo de’e ditahan ngono ae. Gak suwe, de’e majun nang ngarep Kelas dan mresentasikno hasil penelitiane. Moro pas tengah nyampaino, wetenge tambah mules dan de’e ngeroso nek katene ngentut. De’e nyoba nahan iku. Tapi moro kentut banter metu ngono ae. Zizi wes uisin pol, opo maneh ndelok koncone podo ngempet ngguyu kabeh. Tapi ndelok Dosen e ngongkon lanjut, gelem gak gelem Zizi tetep lanjut sambil ngempet isin.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Awak dhuwe ora perlu sedih suwe-suwe pas ngerti awak dhewe ditolak karo kampus sing awak dhewe incer. Opo meneh yen awak dhewe durung tenanan ngerti kenopo awak dhewe kepengen kuliah nengkono. Mergo saiki, sekolah kui wis ora jamin kesuksesan, duwe gelar sing okeh ora jamin dompete awak dhewe dadi kandel. Kesempatan kanggo sukses kui jembar banget neng era internet koyo ngone. Awak dhewe iso entuk ilmu gratis seko kelas-kelas daring sing gratis. Modale uga luwih gampang, sing penting awak dhewe duwe gawai, akses internet, lan niat sinau kanggo ngowah nasih. Keterampilan saiki ora mung iso entuk seko sekolah-sekolah formal, naning saiki akeh komunitas neng internet sing iso bimbing awak dhewe duwe keterampilan sing dibutuh pasar kerja.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Wong nek wes seneng njoget, iku pasti bakal gatel gawe ngobahno awake nek krungu onok lagu senengane. Dan iku pasti kedaden nang ndi ae, kapan ae, dan nang kondisi ambek situasi opo ae. Awakmu sing penari pasti setuju. Tapi onok siji pengalaman sing marakno aku isin pol. Pas iku, aku lagi nang Sekolah, terus situasine iku lagi udan dueres pol. Hal iku sing marakno lantai nang kelas iku maleh banjir. Mergo iku, gak onok pelajaran dan diolehi lapo ae. Aku sing gatel pas arek-arek nyetel lagu, langsung njoget karepe dewe. Terus moro-moro aku kepleset terus tibo njrungup ngono ae. Kabeh podo ngguyu nang aku. Aku gak ndang tangi soale nutupi roso isinku iku mau. Awakmu sing penari pasti paham lah opo’o aku sampe seisin iku. Wes ngelakoni kesalahan, diguyu sisan. Numpuk wes rasa isine.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Tahun wingi ancene akeh wong sing ngerasakno PHK polahe ono covid. Lah roso iki asline kudu disifati karo pikiran sing bening ben ora salah dadi penggawean sing elek. Nag wes kadung salah dalan ambek penggawean elek iso dadekno perkoro sing elek. Mangkaneh sedeh polahe PHK kudune nang gagih diilangno. Lah carane ngilangno yo macem-macem karek wonge mikire piye. Salah sijine contoh gawe ngilangno roso sedeh maeng yaiku gawe lapangan pekerjaan teko pengalaman kerjo sing dilakoni sakdurunge PHK masio iku cilik-cilik'an ben roso sedehe iku maeng nang ilang. Dadi sing nduwe roso sedeh kenek PHK nang gagih diilangno karo ngelakoni penggawean sing wes mok lakoni sak durunge PHK.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Roso jijik ambek teleke kewan iku yo wes lumrah lah, endi ono wong sing ora jijik ambek teleke kewan, mesti kabeh wong iku mangkel krao jember, opo maneh bocah wedok yo tambah jungkir walik oleh jembere. Yo ancene sing jenege telek nag endi-endi iku ora ono sing seneng, kecobo nag wes dadi garem utowo pupuk kandang. Sak liyani iku yo ono maneh sing seneng ambek ora jijik nag ono telek yiku iwak lele. Tapi umume mengungo mesti akhe wedine utowo mangkele. Masio iku mok saitik tapi nag kenek mesti ngamuk polahe geting ambek sing jenenge telek ikuj maeng. Nag ono wong sing ora mangkel ambek jemeber polahe kenek, bearti deke iku termasuk bocah kendel.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Nag ono wong sing keweden polahe masi setan iku jenenge atine ora pepek. Lah piye setan sing asline wedi ambek menungso kok tambah menungsoe sing wedi kan kuwalik. Mangkane nag ono setan iku kudune ora atek wedi nag wedi tambah setane maeng kesenengen soale wes iso medeni menungso. Terus asline wong sing wedi iku maeng kudune yo iso ngerteni perkoro iku maeng. Terus ben ora wedi jarene koncoku iku dikongkon numbuk ae setane terus tinggalen mlayu. Tapi ancene yo temenan se, soale nag wong tambeh wedi ambek setang sing ngetok bakal seneng setan seng ngetok maeng. Mergane deke iku wes iso garai wong sing ndelok maeng keplayu polahe keweden.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Awak dhewe sak yogyane kui ora ngelok wong sing duwe fobia, sak sepele-sepelene fobia kui. Misale koyo, pelakon pria, Iko Uwais, sing wedi karo kerupuk. Kanggo awak dhewe kerupuk kui mung panganan biasa. Misale awak dhewe ora doyan awak dhewe tetep iso delok panganan kui. Nanging kanggo dhweke kui, ono kerupuk neng cerake kui iso dadi ganggu banget. Awak dhewe ora entuk ngelok wong sing fobiane sepele koyo ngono, opo meneh wong sing fobiane serius, tuladhane koyo wedi karo getih utowo wedi mabur. Opo meneh fobia sing iso ganggu kegiatan sak ben dinone, koyo fobia sosial. Kanggo awak dhewe bergaul kui perkoro sing biasa, nanging konggo dheweke kui perkoro sing serius.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Ing jaman saiki, asuransi dadi barang sing ora diperhatekake amarga dianggep setor dhuwit sing ora kanggo, padahal asuransi kuwi akeh banget manfaate. Wong sing duwe asuransi bisa urip luwih tenang lan ora bakal getun umpama ana kedadian sing bisa nekakake marabahaya amarga wis duwe cadangan. Asuransi iki uga kudu mlaku terus lan istilahe kaya nyelengi nanging luwih terjamin amarga ana jangka wektu. Kamangka, asuransi iki bisa kanggo cadangan lan jaga-jaga. Amarga saiki awak dhewe kudu melek asuransi lan nentokake asuransi apa wae sing bisa didaftar sing sesuai karo kemampuane awak dhewe. Apa sing ana ning wektu sing bakal teka ora ana sing weruh, tinimbang mengko gentun.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Aku ora tau bejo perkoro undian utowo door prize selama uripku kui. Acara opo wae aku mesthi ora tau entuk. Koyo undian neng acara sekolah sing hadiahe paling apik kui duskrib wae aku ora tau entuk. Sing paling apik kui, aku tau arep entuk undian seko acara mlaku sehat neng kampung. Kui mung arep, nanging tetep ora entuk. Soale, siji nomor terakhir sing disebut kui bedo. Sing tak cekel kui angkane 1, sendyan sing disebutke kui 2. Nanging, aku mung tau bejo pisan. Kui pas acara sepeda sehat. Aku akhire entuk undian. Hadiah ora apik-apik banget sih, mung payung. Kanggo aku kui wis lumayan banget. Ora nyangka aku. Paling ora pisan iki, iso entuk hadiah seko undian.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Ditrima ning perguruan tinggi kuwi marai mahasiswa duwe tanggung jawab sing gedhe amarga perguruan tinggi kuwi panggone mahasiswa mulai belajar mandiri lan sinau cara urip miturut jurusan lan pengalaman sing diolehi mengko yen wayah lulus. Mahasiswa uga kudu sadar karo tanggung jawabe lan bisa ngatur waktu lan prioritas ben bisa lulus cepet lan bisa migunani tumraping masyarakat uga bisa ngamalake ilmu saka perguruan tinggi. Kamangka, mahasiswa saiki kudu kritis lan kudu sregep. Mahasiswa uga kudu duwe inisiatif sing gede kanggo panguripan ning kampus supaya ora ketinggalan karo kanca liyane lan bisa nyiapake masa depan sing apik amarga persaingan bakale luwih angel apa maneh ning wayah kerja.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Neng omahku okeh banget cecak. Neng ruang tamu kui ono, neng kamarku ono, neng kamar adi lan ibuku kui ono, neng pawan ono, lan neng kamar mburi kui ono. Sak ben ruangan neng omahku kui ono cecak. Aku ngerosone sak ben ruangan kui cicake bedo-bedo. Mungkin neng omah kui iso ono 10 cecak sing bedo. Awak dhewe sak omah dadi ora ono cecak. Sangking akehe awak dhewe ora mung jijik malah tekan wedi delok cicak neng omah. Alesane kui sing kesiji kui akeh banget. Sak liyone kui, awak dhewe uga ora seneng karo bentukane. Swarane uga griseni. Awak dhewe dadi keganggu pas lagi ngelakoke sesautu. Sangking wedine, ibuku jarene arep matine cecak-cecak kui.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Kabeh wong mesti tau delok sing jenenge mutahan nang sak umure uripe, mboh iku nang omah, nag kendaraan utowo nang dalan tanpo sengojo. Nah roto-roro wong sing delok perkoro iku maeng mesti ngeroso mutahan iku termasuk perkoro sing jijiki mergo barang iku ancene rusoh. Nah sing garai jijik iku maeng yoiku termasuh mutahe maeng iku, mergo sing jenenge mutahan iku podo koyok telek ambune, terus ambune barang yo ora enake pol, terus sing garai wong mangkel yoiku bentuke maeng sing mrakno wong sing masi iku ora taham polahe bentuke maeng koyok teleke wong mencret tapi metune teko lambe. Nah iku maeng sing marakno wong sing delok iku maleh jijik.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Serobotan antrean iki sering kedadean ning parkiran pusat perbelanjaan utawa pasar. Amarga wong kuwi kadhang ora sabar lan ora seneng yen antreane ilang utawa didhisiki uwong. Banjur Antrean iki kadang ya rebutan lan marai ribut ning parkiran. Kamangka perlu ana arahan saka petugas parkir. Sing paling penting yaiku kudu pinter golek panggon parkir, kaya biyasane parkiran sing rame kuwi cedhak dalan mlebu pusat perbelanjaan kuwi, ya golek sing rada adoh ben parkire lega. Uga yen ana kendaraan sing arep metu, ya golek panggon sing penak kanggo ngenteni sampe metu saka parkiran ben ora nutup dalan. Yen kuwi bisa dilakoni, kamangka antrean parkir iki bakal tertib.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Aku iling banget pertama kali aku tampil neng ngarep wong akeh kui pas aku SD kelas 3. Ora mung wonge kui akeh, wong-wonge kui aku ora ono sing kenal. Pas kui sekolahku lagi gawe acara seminar neng salah siji hotel neng kota Bogor. Aku wektu kui dikon dadi pranatacara neng acara seminare mau. Aku ora dhewekan sih, ono siji koncoku sing barengan dadi pranatacara. Naning tetep, wae aku dredeg pas kui. Untunge, guruku tetep ngewangi aku pas lagi neng duwur panggung. Dheweke ngewangi aku lan koncoku yen misale awak dhewe ono sing salah utowo bingung arep ngopo. Acara kui suwene 2 jam lan sak suwe rong jam kui aku kemringet terus.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Pengalamanku sing paling ora enak yaiku kelangan sepeda. Sepeda iki sepeda sing tak tuku pas aku isih SMA kelas 3. Sepeda iki jenise sepeda gunung lan edisi sing terbatas. Saban dina, sepeda iki tak gawe ning sekolah lan muteri komplek. Sepeda iki uga sing paling tak sayang amarga siji-sijine kendaraan sing tak tuku saka dhuwit nyelengi. Sedina sak durunge ilang, aku bar ngumbah sepeda lan ngganti ban amarga ban sepedaku wis bocor. Aku uga nambah gembok anyar. Sesuke sepeda kuwi tak gawa nang sekolah, pas balik aku mung nemu rante lan gemboke sepeda kuwi lan bingung. Jebul sepedaku dijupuk wong. Pancen dasare wis apes.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Pitulasan taun iki aku melu jantung sehat utawa mlaku santai sing akeh hadiahe ana ing desaku. Saben taun aku arang melu amarga mesti kebarengan karo kegiatan liyane. Isuk-isuk aku wis cepak nggawe klambi olahraga, clana trining, lan sepatuan. Aku uga diwenehi kupon karo Ibukku kanggo diundi mengko. Halah kupon ngene wae padha royokan akeh-akehan, aku ora tertarik blas amarga mesti ora bakal entuk hadiah. Sawise jantung sehat aku ngenteni kupon-kupon iki diundi karo Ibuku. Nalika pranatacarae nyeluk nomerku aku ora mudeng. Ibuku sing njingkat amarga kaget anake bakal oleh hadiah sing paling gedhe yaiku TV. Lagek iki aku oleh hadiah saka undian lan aku seneng banget.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Aku wonge ora percoyo karo demit. Delok rupane mungkin aku bakal gemeteran. Nanging aku ora percoyo nek kui makhluk alus. Yen misale, aku delok demit jedul neng raiku langsung, ono beberapa perkoro sing arep tak lakoke. Sing kesiji, aku bakal kenalan karo demite kui. Sopo ngerti demit sing selama iki awak dhewe kenal kui alien seko planet liyo sing arep kenalan karo makhluk-makhluk sing ono neng Bumi. Sing keloro, aku ora bakal mlayu. Aku bakal ngobrol akeh karo dheweke. Sopo ngerti dheweke iso ngekei aku inspirasi kanggo nulis. Sopo ngerti sudut pandange makhluk seko planet liyo kui iso ngekei sudut padang sing seger. Sudut pandang sing ora tau dipikirke karo menungso-menungso sing ono neng Bumi."
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Kabeh uwong sing normal iku pasti tau ngerasakno kasmaran alias lagi seneng ambek lawan jenise awak dewe. Nek jare wong-wong, uwong nek wes kasmaran iku koyok wong goblok dan ngisin-ngisini awake dewe. Hal iki mergo bagian utek sing jenenge korteks frontal iku bakal diistirahatno ben wong kasmaran iku dikeki foto utowo gambar utowo krungu crito tentang wong sing disenengi. Korteks frontal nang utek iku fungsine gawe njupuk keputusan. Nek diistirahatno, yo maleh gak seimbang dan marakno wong iku mau dadi ketok goblok. Kegoblokane iku mau sing kadang marakno isin awake dewe dan wong sing ndelok sisan. Soale wong iku mau wes gak isok mikir rasional.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Aku duwe konco sing kerep ngutang neng konco-koncone, termasuk awakku. Koncone iki bukane ora dhuwe duwit. Dheweke itungane seko golongan sing dhuwe. Nanging dheweke dhuwe kebiasan lali gowo dompet. Yen misale, goyo dompet dhewe kerep banget ora gowo duwit tunai. Padahal, awak dhewe kui areng banget jajan neng restoran utowo neng mal. Awak dhewe kerep mangan neng pinggir dalan. Padahal neng kono kui bayare kudu nganggo duwit tunai, ora iso tranfers utowo nganggo kertu. Makane kui, koncoku sing kui kerep banget ngutang. Nanging masalahe, dheweke kui kerep lali. Awak dhewe kui biasane neng dolan mesthi cah 5. Papat konco liyane kui tau ngutangi dheweke kabeh sing jumlahe luwih tekan 200 ewu. Dhewek langsung isin pas diandani ngono. Sesoke, utang-utange langsung dilunasi.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Ben wong sing ancene kudu ngelakoni oeprasi iku ora wedi, biasane wong-wong mesti akeh sing ngandani nag kon sing kendel soale operasi iku kanggo keapikane awake. Tapi sing paling tepak ben wong sing ate ngelakoni operasi iku tenang yoiku disaranno kon pikiran sing positif ae soale nag ora positif pikirane masio dikandani ora karoan sampek idune sing ngandani entek yo tetep ae keweden. Mangkane pikirane iku kudu digawe mikir perkoro sing apik-apik ae. Terus ojo lali konsultasi utowo jaluk saran nang gone dokter sing ancene nyaranno operasi maeng ben rodok lego atine. Soale biasane wong iku mesti keweden nag ate operasi nah saran ambek anjuran iku maeng ancene teko wong sing wes tau operasi.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Aku gelek delok petugas nang kantor-kantor sing diamuki ambek wong-wong sing mrono polahe duwe masalah sing kudune iku sing salah teko wonge sing ngamuk. Petugas sing dadi sasaran ngamuki wong iku asline yo ora salah yo ora bener mergane wes nuruti peraturan ambek anjuran carane ngeladeni wong sing mrono. Tapi sing jenege wong nag wes kadung ngamuk yo mesti ora iso mikir sing apik. Kantor barang yo wes nganjurno nag ono masalah ambek produke iku langsung ngubungi kantore ben cepet mari tanpo ono masalah maneh. Dadi asline yo kabeh iku wes ono anjuran ambek aturane ben ora dadekno roso srengen nang petugas utowo wong sing mrono.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Wektu SMP awak dhewe sering gojekan. Paling kerep kui, awak dhewe gojek-gojekan jeneng wong tuwo karo garapi guru sing ngajare ora kepenak. Sok-sok awak dhewe uga garapi koncone dhewe sing ketok bedo dewe. Nanging, ono siji konco sing digarapi kelewat bates. Koncoku kui wedok. Dheweke ora ngomong alon lan ora ngobrol neng akeh wong. Secara penampilane, dheweke udu tipe sing diarani cah-cah ayu. Kulite kui ireng, itungane kui malah luwih iring yen dibandingke karo bocah-bocah sak kelas. Senadyan wedok, dheweke kui duwe kumis sing lumayan kandel, saking kandele awak dhewe iso delok seko adoh. Mergo kumise kui, dheweke kerep diceluk lele. Saking kerepe digodani kui, koncoku kui tau nesu. Dheweke ora terimo terus mlayu metu kelas. Dheweke jebul nanging neng kamar mburi sekolah.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Omah sing mari ditinggal wong mati mesti sepi banget. Iki uga dirasakna ana ing omahe Raja. Wis seminggu sawise Raja ditinggal karo Mbah Putrine sing ana ing omahe. Yen biasane omahe rame banget amarga putu-putune Mbah Putri mesti dolan ing kene, saiki omahe Raja sepi banget. Ora ana sing bakal nggudo Mbah Putrine saben sore, ora ana bocah sing nangis njaluk dicritani babagan jaman penjajahan karo Mbah Putri, ora ana maneh Mbah Putri sing lungguh ana ing pojokan mbale karo maca koran lan ngombe teh anget saben isuk. Kursi sing biasane digawe lungguh ambek Mbah Putri langsung digawa ning gudang supaya kene kabeh ora tambah sedih kelingan Mbah Putri.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Wong-wong kui biasane seneng banget pas dikejurke karo wong, dewehi hadiah pas dino sing spesial, tuladhane pas lagi wisudaan umpane. Wong sing nompo hadiah kui ora nyongko yen dheweke bakal diwehi hadiah neng dino sing spesial kui. Dheweke uga ngeroso disayangi karo wong-wong neng sekitare. Pas dino-dino biasa, mungkin keluarga utowo konco-koncone ora seperhatian kui marang dheweke. Delok perbedaan sikap kui dheweke ngeroso seneng banget. Dheweke uga ngeroso diapresiasi usahane. Misale, babagan wisudaan kui, dheweke berbulan-bulan garap skripsi sing tenanan, golek data kono kene utowo neng ngarep laptop terus ben dino nganti eneg. Hadiahe kui mungkin ora sepiro nanging perasaane kui sing peting kanggo sing nompo hadiah kejutan kui.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Kabeh wong sing delok anake pinter utowo iso ngelakoni opo sing duwe nilai apik mesti seneng. Lah seneng polhae anak nag jarene koncoku sing wes duwe anak iku ancene senenge megilan opo maneh nag deluk pertumbuhane tambah senenge ora karuan. Tapi roso seneng sing ketok maeng nang iso ojo sampek dadi tekone roso pamer nang wong liyo, nagsampek dadi roso pamer nang wong liyo iku sing medeni. Lapooh medeni, soale iso dadekno perkoro-perkoro elek sing podo teko polahe roso seneng sing wes kecampur ambek roso pamer maeng. Mnagkane nag duwe roso seneng maeng, ojo sampek kecampur ambek roso pamer nang wong liyo.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Salah siji alesan wong kui iso keno serangan panik kui trauma. Trauma iki perkoro sing rodo absrak lan sulit dingerteni. Kanggo wong sing duwe trauma wae durung tentu iso ngerti, opo meneh awak dhewe sing ngerasake. Yen ono kedadean sing marake, wong kui iling karo trauma sing tau dirasakene. Traumane kui iso opo seko endi wae. Iso seko kedadean sing ora penak pas dheweke cilik nanging uga ora nutup kemungkinan yen trauma kui teko kedadean sing durung suwe. Makane kui wong sing wedi pas ono sing keno serangan panik kui dudu wong sing ngalami serangan kui nanging wong-wong sing ono neng sekitare.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur sad?
Teks: Salah ngundang wong neng dalan kui kerep wae kedadean. Kui koyo kedadean sing ora iso awak dhewe hindari. Mesthi awak dhewe tau ngerasake isin mergo kui. Supoyo, awak dhewe ora isin-isin banget awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe iso nyapa karo wong sing liyo. Nyopo wae sembarang sing penting wong sing awal awak dhewe sapa mau dadi ora ngelirik neng awak dhewe meneh. Sing keloro, awak dhewe iso etok-etoke lagi telponan nganggo HP. Dadi wonge sing awak dhewe sapa ngertine dheweke salah krungu. Sing ketelu, awak dhewe iso tetep nyapa neng arahe, terus nyeraki neng arah kono. Nanging awak dhewe ora neng wonge. Iki dadi salah siji carane, awak dhewe lunga seko kono tonpo ngeroso isin-isin banget.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur disgusted?
Teks: Jijik iku wes lumrah ono nang sifate menungso mergo iku wes gowonan kat lahire menungso. Nah jijik iku maeng yo disebabno teko pirang-pirang perkoro sing ancene dijemberi ambek wong iku maeng. Nah contohne yoiku pas kenek idune wong liyo, nah nag kenek barang siji iki mesti kabeh wong iku mesti jijike pol mergo barang iku termasuk barang sing rusoh terus teko lambene wong liyo sing ancene ora jelas opo wonge sikatan ambek resik-resik awak opo ora. Nag wonge ora tau resiki awak yo jelas biasane ambune iku basine glani ambek ewohe pol oleh ngilangno. Dadi yo wes lumrah ambek biasan nag akeh wong sing ora seneng nag kenek idu teko wong liyo maeng.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Awak dhewe ora entok ngapusi neng kondisi opo wae, misale awak dhewe arep ngapusi neng perkoro sing awak dhewe anggep cilik kui tetep ora oleh. Dampake, awak dhewe iso ngero isin yen awak dhewe ketauan nek wis ngelakoke tabiat sing olo kui. Awak dhewe isin ketemu wong sing awak dhewe apusi. Awak dhewe wedi yen hubungane awak dhewe karo dheweke kui dadi berubah. Yen wonge kui, konco biasa kui ora masalah. Nanging sing masalah kui, yen wong sing awak dhewe apusi konco sing paling cerak karo awak dhewe. Makane kui, awak dhewe ojo ngapusi perkoro opo wae lan karo sopo wae. Nek awak dhewe ngelakoke kui, awak dhewe iso ngeroso isin lan keilangan akeh perkoro.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Jedhing sing rusuh kuwi pancen bisa nularake akeh penyakit, salah sijine yaiku demam tifoid utawa lara tipes. Demam tifoid iki ditularake saka bakteri lan uga kontaminasi sing cedhak marang paganan utawa alirane banyu. Senajan penyakit iki luwih akeh ditularake liwat panganan, tipes iki uga bisa nular yen kondisi jedhing iki ora resik. Gejala penyakit iki demam dhuwur, lemes, kelangan nafsu mangan, diare utawa sembelit, lan uga bisa marai kejang otot. Cara pengobatan tipes iki macem-macem kaya nganggo ramuan tradisional uga bisa nganggo obat-obatan dokter. Sing paling penting yaiku akeh istirahat, mangan panganan sing alus, lan ngombe banyu putih sing akeh.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur fear?
Teks: Bencana alam ancene saiki gelek kedaden contone koyok gempa, lesus, banjir, ambek gunung bledos. Aku tau keweden pas ono salah sijine bencanan alam iku maeng kedaden nang daerah gonanku yaiku gunung bledos. Asline bencana iku wes diberitakno nag bakal kedaden tapi ora iso akurat polahe keterbatasane tenogo ambek alat sing digawe. Terus kabeh wong pas Gunun Kelud iku bledos yo mesti keweden opo maneh sing nag pinggir-pinggire. Ben ora marakno wong-wong maeng wedi kudune petugase sing bagian ngatasi bencana alam iku maeng yo wes sigab ora kok klewar-klewer ngunu. Nag jareku sing garai wong-wong wedi iku asline tambah ora bencana alame tapi ora onone petugas sing ngarahno iku sing garai wong-wong iku maeng bingung.
A: | iya |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Aku isek iling perkoro sing kedaden nang semester wingi. Nah koncoku sing biasane iku maeng manggon nang ngguri ambek ora tau takon terus turu ae, iku moro-moro maju nang ngarep mergo dibujuki ambek koncone sing mangkele pol nag deke iku maeng turu nang pinggire soale mesti ngiler. Nah deke maeng maju mergo jarene ditunjuk ambek dosene maeng. Terus deke maeng maju ambek takon nang dosene maeng. Terus bocah-bocah maeng yo jumbul ambek guyu ae mergo dosene ora ngongkon maju. Akhire bocahe maeng kisinen terus bocah-bocah sak kelas maeng guyu kabeh. Terus koncone sing bujuki maeng digleto ndase mergo bujuki deke sing turu maeng.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Ning kampung biyasane ana profesi yaiku bank tithil. Bentuk profesi iki dudu bank, nanging ya mung wong biyasa sing ngewenehi jasa kanggo ngutangi wong akeh lan dhuwite mesti manak utawa nduweni bunga sing gedhe. Wong sing duwe bank tithil iki uga diarani rentenir lan ora segan kanggo ngewenehi hukuman kanggo wong sing telat bayar utang kaya barang-barang, omah, sertifikat tanah, sawah, ternak lan sak kabehe disita. Bank tithil iki istilah sing ana ning taun 90-an ning Jawa sak durunge ana istilah kredit rakyat lan pinjaman online. Para pelaku bank tithil iki uga duwe pegawai penagih utang sing ora sungkan nggebuki lan uga ngisin-ngisini wong sing duwe utang gedhe.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Wektu kui, aku tau ora kerjo lan ora ono kegiatan opo-opo selama 6 sasi luwih. Pas selo-selone kui, aku binung opo sing sebenere pengen tak lakoni neng donyo iki. Tekan pas kui, aku keno COVID-19. Pas lara-larane kui, aku tambah mikir aku arep ngopo bar iki. Tekan mbuh kepikiran seko ngendi, aku kepengen kerjo neng industri film. Aku pengen dadi penulis skenario. Durung mari-mari banget, aku ngewiwiti skenario pertamaku sing judule Randira-Traumea. Judul kui duwe arti, kira-kira, mimpi utowo impian sing mesthi owah-owah. Ora suwe bar aku rampung nulis kui. Ono pengumuman magang neng omah produksi Ravacana. Aku langsung daftar program kui. Alhamdulillah, aku iso tekan tahap wawancara. Nanging sayange, aku ora ketempo. Banjur aku dadi bingung meneh arep ngopo bar iki.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur happy?
Teks: Nag awakmu iku keweden diajaki kewan mboh iku pitik babon utowo asu, sakjane awakmu ora atek mlayu masio rodok keweden kudu diempet. Terus nag iso awakmu kudu manekno awak ben iso ngelawan kewan iku maeng soale nag awakmu blayu yo tambah diajaki sampek sak keneke. Dadi masio awakmu wedi nag diajak ambek kewan iku, awakmu kudu gelem ambek mekso pikiranmu ben kendel, soale nag ora kendel ambek tetep keweden tambah iso dadekno trauma terus akhire mene maneh nag petuk kewan sing marakno awakmu wedi maeng jelas wedine. Mangkane kudu dilateh gal saitik ben iso ngendelno awak karo pikiran sing ancene wes keweden maeng.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Tingkah kuwi kudu nyesuaiake karo klambi sing dinggo. Yen nganggo klambi olahraga utawa kaos lan celana longgar kanggo olahraga, ora ngapa yen arep mlayu, mencolot, lan uga akeh tingkah liyane. Nanging yen nganggo klambi formal, tingkah uga kudu djaga kaya pas nganggo celana kain utawa kemeja. Celana kain iki bisa bedhah yen tingkahe ora karuan. Kamangka, tingkah iki kudu digatekake amarga ana sing ngomong yen tingkah kuwi ngetutake klambi sing digawe. Amarga kuwi, awak dhewe kudu ndelok situasi lan acara ben bisa nganggo klambi sing pantes lan ora salah kostum, kena malfungsi klambi, lan ora gampang bedhah ning acara sing ana.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur angry?
Teks: Koyoke kabeh wong iku mesti tau ngalami perkor sing ancene dianggep jijiki karo wong iku maeng. Nah biasane perkoro sing dainggep jijiki karo deke iku durung karoan jijiki nang wong liyo, yo sak walike barang yo ngunu. Nah ono perkoro sing jijiki maneh yoiku ngiler pas mangan. Nah perkoro iki kedaden pas aku ambek koncoku mangan bareng pas kemah. Nah waktu iku mangan bareng tapi karo gowo ajang dewe-dewe. Nah bocah wedok sing masi iku maeng langsung mireh mergo ora mentolo ambek jijik pas delok koncoku sing ngeler maeng. Mangkane nag mangan iku sing biasa ae, ojo sampek marakno wong sing nang pinggire iku maleh jijik pas delok.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur shame?
Teks: Aku biyen pas kulia nag Suroboyo gelek nge prank bocah-bocah soale akeh bocah sing ora gelem soro oleh garap tugase. Pas waktu iku ono tugas kelompok sing diongkon nerjemahno boso inggris nang indonesia teko buku x. Nah aku sengojo gawe isu nag buku iku asline wes ono nang website A ben bocah-bocah ora takok aku terus soale angger ono tugas mesti takok jawaban nang aku. Akhire aku mangkel, terus pengen nge prank bocah sak kelas sing gelek jaluk jawaban nang aku. Akhire bocah-bocah iku maeng goleki jawaban nang website A sing ancene iku maeng blogku dewe sing wes tak tulisi "nag pengen cepet budolo nang mbah dukun ae".
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Yen ono wong mukok neng jero kendaran kui, awak dhewe neng sekitare kui ngeroso gilo. Senadyan, mukokane ora keno awak dhewe, tetep wae awak dhewe ngeroso jijik. Nanging wong mukok kui ono alesane, lan dheweke sebenere ora kepengen uga ngelakoke hal sing marake awak dhewe jijik. Alesan sing utama kui mergo uteke kui bingung. Dheweke delok pohon utowo benda-benda sing liyo gerak, padahal otote lagi meneng wae. Mergo utek ora iso memproses kui, makane wong iso mukok. Sak liyane kui uga ono alesan liyane, salah sijine wong sing mukok kui mungkin wingine kurang turu. Yen wong kerep dolanan HP neng perjalanan kui, uga gawe mual pas dheweke numpak kendaraan.
A: | tidak |
nusaparagraph_emot | nusaparagraph_emot_nusantara_text | d0e91d8b-bc9d-43d0-89b3-c011a59c5046 | unsur_qa_format | train | Q: Apakah teks berikut mengandung unsur surprise?
Teks: Akeh sing ora ngerti yen kerja utawa ngalami latihan ning bidang militer iki bisa marai serangan panik pas latian amarga ngalami adaptasi kaya ning wayah latian nganggo sirine tengah wengi, simulasi jaga, latihan fisik sing luwih abot saka saban dinane, lan uga latihan senjata. Kamangka wong sing kerja ning militer, kudu dicek kabeh fisik uga mental sak durunge ngalami latian iki. Banjur kepiye sing kudu wajib militer kaya ning Korea? Kanggo wong sing ora bisa nahan serangan panik kuwi bisa dideleh ning bagian pelayanan masyarakat lan ora nyekel bagian militer uga senjata amarga risikone uga gedhe banget lan mesti marai stres lan depresi sing serius.
A: | tidak |
Subsets and Splits
No community queries yet
The top public SQL queries from the community will appear here once available.